KIDUNG RUMEKSO ING WENGI
(dening kanjeng sunan Kalijogo)
Luput ing bilahi kabeh, jin setan datan purun,
Paneluhan tan ana wani, miwah panggawe ala, Gunane wong luput,
Geni anemahan tirta, Maling adoh tan ana ngarah ing kami, tuju nduduk pan sirna.
Sakehing lara pan samja bali, Sakehing ama pan sami miruda,
welas asih pandulune, Sakehing bradja luput, Kadi kapuk tiba neng wesi,
Sakehing wisa tawa, sato galak tutut,
Kayu aeng lemah sangar songing landak, Guwaning wong lemah miring,
myang pakiponing merak.
Pagupakaning warak sakalir, Nadyan artja mjang sagara asat,
Satemah rahayu kabeh, dadi sarira aju,
Ingideran mring widhadari, rinekseng malaekat, Sakatahing rusuh,
Pan dan sarira tunggal, Ati Adam utekku Bagenda Esis, pangucapku ya Musa.
Napasingun Nabi Isa luwih, Nabi Yakub pamiyarsaningwang,Yusuf ing rupaku mangke,
Nabi Dawud swaraku, Yang Suleman kasekten mami,
Ibrahim nyawaningwang, Idris ing rambutku,
Bagendali kulitingwang, Abu Bakar getih, daging Umar singgih,
balung Bagenda Usman.
Sungsumingsun Fatimah Linuwih, Siti Aminah bajuning angga,
Ayub minangka ususe, sakehing wulu tuwuh,
Ing sarira tunggal lan Nabi, Cahyaku ya Muhammad, Panduluku Rasul,
pinajungan Adam syara", Sampun pepak sakatahing para nabi, dadi sarira tunggal.
Wiji sawiji mulane dadi, pan apencar dadiya sining jagad,
Kasamadan dening Dzate, kang maca kang angrungu,
Kang anurat ingkang nimpeni, Rahayu ingkang badan,
kinarya sesembur, winacaknaing toja, kinarya dus rara tuwa gelis laki,
wong edan dadi waras.
Lamun arsa tulus nandur pari puwasaa sawengi sadina,
Iderana gelengane, wacanen kidung iki, Sakeh ama tan ana wani,
Miwah yen ginawa prang wateken ing sekul,Antuka tigang pulukan,
mungsuhira lerep datan ana wani, teguh ayu pajudan.
Lamun ora bisa maca kaki, winawera kinarya ajimat, Teguh ayu penemune,
lamun ginawa nglurug, Mungsuhira datan udani, luput senjata uwa,
Iku pamrihipun, sabarang pakaryanira,
Pan rineksa dening Yang Kang Maha Suci, sakarsane tineken.
Lamun ana wong kabanda kaki, Lan kadenda kang kabotan utang, poma kidung iku bae,
Wacakna tengah dalu, ping salawe den banget mamrih,
Luwaring kang kabanda, kang dinenda wurung,
Dedosane ingapura, wong kang utang sinauran ing Yang Widdhi, kang dadi waras.
Sing sapa reke arsa nglakoni, amutiha amawa, Patang puluh dina wae,
lan tangi wektu subuh, Lan den sabar sukur ing ati,
Insya Allah tineken, sakarsanireku, Njawabi nak - rakyatira,
Saking sawab ing ilmu pangiket mami, duk aneng Kalijaga